Laku K U N C I (Kumpul Nunggal Suci); Wulang Wuruk Romo Semono

K U N C I
(Wedaran Wulang Wuruk Romo)




Unene KUNCI꧇

Gusti Ingkang Moho Suci, kulo nyuwun pangapuro dumateng
Gusti Ingkang Moho Suci.
Sirolah, Dhatolah, Sipatolah.
Kulo SEJATINE SATRYO (untuk Pria) / SEJATINE WANITO (untuk Wanita).
Nyuwun wicaksono.
Nyuwun panguwoso.
Kangge tumindake SATRIYO SEJATI (utk Pria) / WANITO SEJATI (utk wanita).
Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput.


KUNCI kuwi WITING URIP꧇
Iku tegese wiwitane urip.  Yen diucapake kanti alon, wit ing urip. Urip kang lenggah ing Urip iku sinebut Moho Suci. Moho Suci kuwi tegese ꧇ Kumpule Kabeh kang Suci. URIP / MOHO SUCI kuwi LANGGENG, opo ora nyoto yen URIP / MOHO SUCI kuwi LANGGENG (?), tuwuh-manuwuh, trubus-manrubus. Milo Roso kabeh kuwi ROMO (Roh lan Komo) lenggahe ing Roso, yo Roh lan Komo kuwi Urip. Dene, Mono kang mengkoni ateges Mono kuwi Esa utowo Siji. Mulo kabeh Ono lan ora Ono ing sakidenge jagad royo kuwi diwengkoni dening Mono. Milo ono tetembungan Sak gede gede gunubg yo mung se Mono, Sak duwur duwure langit yo mung se Mono, Sak cilik cilke tengu ugo yo mung se Mono. Dadi kabeh kuei winengkonanbdening se Mono. Makane soko kuwi ono sebutan Asmo Putro, jalaran kang ngalimputi jagadroyo kuwi amung URIP. Dene kang kagungan kabeh kuwi mau Mono.

KUNCI kuwi lungguh ing Roso

Ateges babagan KUNCI kuwi  babagan Roso, dene sing nglenggahake kuwi Sabdone Romo.
Ing KUNCI ono unen ''Gusti ingkang Moho Suci'' nganti kaping pindo iku tegese: Loro nanging Siji. Yokuwi; Pambuka lan Panutup. Ateges Laku lan Lungguhe. 

Ewohdene unen: ''Nyuwun Pangapuro'' kuwi nuduhske: Sir-Dat-Sipat. Mulo banjur Sirolah-Datolah-Sipatolah. Sir kuwi ateges Obah utowo Kuwosone Laku. Dat kuwi Gemblenge. Sipat kuwi Gelare utowo Dumadine. Des Sir-Dat-Sipat kuei yo Urip, ateges Polahe, Obahe utowo Lakune.
Banjur, unen ''Kulo sejatine Satriyo/Wanito'' kuwi Roso-Obah. ''Kulo'' kuwi onone Laku. ''Wicaksono'' kuwi Berbudi. ''Panguwoso'' kuwi lakune tresno-anresnani. Dene sing ''Nyuwun'' kuwi Roso-Obah. ''Kangge Tumindake'' kuwi Obah lan Roso. ''Sejatine Satriyo / Sejatine Wanito'' lan ''Satriyo Sejati / Wanito Sejati'' kuwi anane꧇
Roso-Obah + Obah-Roso
Roso-Obah - Obahe Roso
Roso-Kroso - Kroso Roso
Anane proses ing nduwur kuwi ''Wadah lan Isine Isi lan Wadahe''
Milo banjure, ''Kangge Anyirna ake Tumindak ingkang Luput'' kuwi maksude kangho Nyirnaake Lupute dewe ateges nyirna ake tumindak lupute kito dewe. Mulo lajeng Romo dawuh꧇ ''SOPO KANG TEMEN-TEMEN BISO MOCO KUNCI YEKTI DADI MANUNGSO KANG ELING TEMENAN.

(Bersambung ke ... Tema꧇ Patrape KUNCI sak lajengipun)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

"Wong Jowo Kudu Tetep Njawani" ; BABAT TANAH JAWA (bag.2)

Mahluk Tuhan Jangan Melampaui BATASANYA