PATRAP KUNCI (Miturut Wulangwuruk Romo Semono)

PATRAP KUNCI
(Miturut Wulangwuruk Romo Semono)


Patrape KUNCU kuwi kudu SUNGKEM. Klawan Lungguh. Tangan tegen lan kiwo katlungkup nyawiji, yokuwi Jempol kiwo lan tengen gatuk. Semono ugo driji panuduh, panengah, manis lan jentik kiwo lan tengen gatuk. Njur pucuk jempol loro-lorone dilungguhke bolongan irung. Patrap Sungkem koyo kuwi mengku wigati yoiku ꧇
- Ateges Laku Kumpul;
- Ateges Laku Ngakoni;
- Ateges Laku Eling;
Tumrap kang Sungkem banjur eling marang Purwaning Dumadi.
Laku Kumpul; Bopo lan Biyung Ngakoni. Trgese; Kroso yen kabeh iku ono kang Ngana ake lan ono kang kagungan. Sing Kagungan lan sing Ngana ake ora liyo mung Kang Moho Suci.
Moho Suci yo Witing Urip. Mulo poro manungso Elongo marang assle ono, datan mangerteni, datan ora Tentrem.
Lakune Ono mung Guyup Rukun iku lunghuhe Katentreman.
Elingo, asale manungso iku soko Banyu Urip. Banyu kang dadi Sipate, Sipate ono bleger Rogo. Njur Lengen kiwo lan tengen ka angkat papak, papak pundak lan bahu kiwo tengen, dodo kaporomungal / megar.
Olehe lungguh mingkrik-mingkring. Dengkul lan sikil kiwo tengen mepet nempel. Tlapak sikil ora nganggo lemek kudu napak / nempel lemah. Mulo moco KUNCI kuwi kudu Sungkem, kuwi ateges Memundi marang Suci-sucining suci, yokuwi URIP (moho Urip) , Sesembahan kang Bener-benering bener. Dene Tangan Kiwo kuwi Tegese Kaki kang nggowo, dadi sanepane Lanang. Njur Tengen kuwi ateges Kang Ngetengake, dadi sanepane wadon. Driji Limo-limo kuwi tegese; Sipat karo Urip. 
Sipat papat lan Urip siji. Kabeh manungso Sipat Papat lan Urip Siji. 
Sipat kuwi anane Rogo. Papat kuwi cacahe, 
siji; krungu, loro; weruh, telu; nggondo, papat; suworo. Rogo, lanang lan wadon podo Sipate, mulo Lungguhe minongko/suko Peling tumrape Rogo. Yoiku Eling Sangkan Parane. Dene Jempol tegese Moho Kuwoso. Panuduh = Kawah, Panunggul = Jabang Bayi, driji Manis = Ari-ari, jentik = Moho Suci. Dadi Jempol lan Jentik kuwi Pembuka lan Penutup = Asal lan Baline. Asal soko Urip milo baline ugo menyang Urip. Moho Kuwoso kuwi yo Urip, Moho Suci kuwi yo Urip. Dadi pambukane soko Urip, panutupe yo Urip. 
Njur, jempol loro dilungguhke ing bolongan irung kwi maksude awit irung kuwi dalan mlebu netune nafas. Nafas kuwi minongko Taline Urip. 
Njur Dlamakan sikil waroto midek lemah kuwi ateges kudu biso tumindak koyo wateke Bumi, yo sungkem marang Bumi. Sungken kuwi Eling lan Ngelingi. Bumi kuwi kang menehi Sandang lan Pangan. Kungguhe = Sabar, Narimo, Ngalah kanti Iklas, Jujur Welasasih lan Tresno. 
Mripat merem kuwi tegese ora nanggapi Pakartine : Ratu Teteku (Poncodriyo, Budipajerti lan Angen2.)
Dengkul kekaleh rapet lan dlamakan Sikil Lurus / waroto mudek lemah tegese Tumindak lan Lakune temen-temenan-jujur-idep-madep-mantep. Yen wes satoto patrape banjur Siap Unen KUNCI diwoco sing Bener Temenan.


KUNCI kuwi witing Urip ꧇

Ono opo-opo KUNCI;
Ora ono opo-opo KUNCI;
Ono Hera-heru / Bahaya Alam KUNCI;

Unene KUNCI꧇

Gusti Ingkang Moho Suci, kulo nyuwun pangapuro dumateng
Gusti Ingkang Moho Suci.
Sirolah, Dhatolah, Sipatolah.
Kulo SEJATINE SATRYO (untuk Pria) / SEJATINE WANITO (untuk Wanita).
Nyuwun wicaksono.
Nyuwun panguwoso.
Kangge tumindake SATRIYO SEJATI (utk Pria) / WANITO SEJATI (utk wanita).
Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput.

======

Mangertiyo Kunci kuwimau Moho Suci. Milo orakeno diowahi (orakeno ditambahi /Dikurangi snaoso sak huruf wae) amargo mengko rak banjur dudu Moho Suci. Dawuhe Romo ''Mangertiyo jenengsiro. Uni kuwi anggowo Bentuk. Unine Kunci ateges Sembah. Pengertiane ateges ELING. Anhing Kunci dewe dudu Sembah lan dudu Eling, nanging URIP yo Moho Suci dewe.'' Milo yen ono manungso lagi Moco Kunci kuwi tegese = RASAne MELEK. Njur Roso Melek kuwi dudu meleke: angen2, poncodriyo, lan budipekerti (ratu tetelu). Bedane Meleke risi Ratu tetdlu kuwi KAREP banjur Weruh kaganan. Kang dirembug wes gelar ono. Dene yen Roso Melek kuwi Tentrem. Tentrem kuwi dudu turu. Yen turu kuwi Roso Anggulung.
Milo sikepe Rogo rikolo moco Kunci kuwi :
Tangan kiwo lan tengen dulungguhno ing bolongane irung kuwi tegese SUNGKEM.
Dengkul kekalih rapet njur dlamakan sikil waroto midek lemah, Kuwi menhkoni lan diwengkuh dening SUCI. Moco Kunci tanpo sikep koyo kuwi keno wae ning lungguhe njur bedo anergo sikeo kuwi nentuake ztowi anggowi TUJUAN.
Moco Kunci karo leyehan ugo kenawe koyo yen arepapan turu, anging tangane kudu tetep dilungguhke ing bolongan irung / sungkem. Dadi rogo wes seleh ateges Tentem.
Ugo moco Kunci karo nyuworo lan ora nyuworo kenowae, awit kang muni kuwi Roso. Bedane yen ngagem suworo ateges  kaorungu. Yen ora nyworo ora kaprungu. Nanging kekalene kang moco podowae yokuwi ROSO. Milo njur Tentrem.
[7/3 22.22] MATP: Bedane tentrem Roso kuwi ora ngrasake opo2. Yen tentreme Ratu tetelu (angen2, poncodriyo, budipakerti) kuwi ateges Turu, kang tegese ora ngrasak ake opo2 amargo turu /ora gawe /weruh ning ora ngrasa ake weruh
 Krungu ning ora ngrssak ake krungu. Moco Kunci kuwi ora ngemungake yen arep mapan turu utowo tangi turu wae. Sanajan pinuju mlaku, pinuju nglamun, pinuju adus dll kenowae amargo kang ngunekaje Kunci kuwi ROSO (ateges dudu prakorone ratu tetelu) ***

Komentar

Postingan populer dari blog ini

"Wong Jowo Kudu Tetep Njawani" ; BABAT TANAH JAWA (bag.2)

Mahluk Tuhan Jangan Melampaui BATASANYA