Laku K U N C I (Kumpul Nunggal Suci); Wulang Wuruk Romo Semono
K U N C I (Wedaran Wulang Wuruk Romo) Unene KUNCI꧇ Gusti Ingkang Moho Suci, kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti Ingkang Moho Suci. Sirolah, Dhatolah, Sipatolah. Kulo SEJATINE SATRYO (untuk Pria) / SEJATINE WANITO (untuk Wanita). Nyuwun wicaksono. Nyuwun panguwoso. Kangge tumindake SATRIYO SEJATI (utk Pria) / WANITO SEJATI (utk wanita). Kulo nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput. KUNCI kuwi WITING URIP꧇ Iku tegese wiwitane urip. Yen diucapake kanti alon, wit ing urip. Urip kang lenggah ing Urip iku sinebut Moho Suci. Moho Suci kuwi tegese ꧇ Kumpule Kabeh kang Suci. URIP / MOHO SUCI kuwi LANGGENG, opo ora nyoto yen URIP / MOHO SUCI kuwi LANGGENG (?), tuwuh-manuwuh, trubus-manrubus. Milo Roso kabeh kuwi ROMO (Roh lan Komo) lenggahe ing Roso, yo Roh lan Komo kuwi Urip. Dene, Mono kang mengkoni ateges Mono kuwi Esa utowo Siji. Mulo kabeh Ono lan ora Ono ing sakidenge jagad royo kuwi diwengkoni dening Mono. Milo ono tetembungan Sak gede gede gunubg yo mung se Mono, Sak duwur...
Komentar
Posting Komentar