"Wong Jowo Kudu Tetep Njawani" ; BABAT TANAH JAWA (bag.2)
BABAT TANAH JAWA ( ... bag.2) Kacarito ing Negoro Blambangan (Nunggal jaman karo Mojopahit), naliko semono ka ambah ing pageblug gedhe, akeh wong kang esuk lara sorene mati, sore lara esuke mati. Lelara mau nganti lemebu ing pura yaiku putrane Sang Prabu ing Blambangan kang peparab Dewi Kasiyan, ketaman ing lara banget nganti ora biso ngglawat. Sang Prabu kesel ing penggalih, banjur utusan marang Patih kadhawuhab supoyo ngupaya ake tombo. Iyato rekyana Patih Bajulsegara nggone ngupoyo tamba lakune njajah deso tumeko nganti , sapuncaking gunung. Ibgkono ana pratapan kang mertapa peparabe Kyai Kandaboyo. Sang Wiku sidik paningale wis uningo marang sedyane Sang Patih, mulo bareng Sang Patih tumeko ing pratapan didhawuhi supoyo bali mulih wae. Kang biso nambani larane Dewi Kasiyan iku sawijining Kyai Saka Arab, kang waktu iki lagiertapa eneng guwo sakngisoring Gapuro Kraton, iku kadawuhan ndhukdhuk, panjenengane mesti biso ngusadani, lan menowo biso letemu, salame Sang Wiku ka at
Komentar
Posting Komentar